Minggu, 13 Februari 2011

“Nyai Ageng Bagelen”

“Nyai Ageng Bagelen”

Maha Prabu sri Kandihawan utawa Prabu Sowelocolo kang kuwasa ana ing krajan Medangkawit utawa Medangkamulan duwe anak 5 yaiku: Raden Jaka Panuhun, Raden Jaka Sanggarba, Raden Jaka Karungkala, Raden Tunggulametung, lan Raden Petungtantara. Raden Jaka Panuhun kang pinter ing babagab tetanen, ngganti Prabu Sri Kandihawan dadi raja lan mindhah ibu kota krajaan ing Pagelen.
Raden Jaka Panuhun duwe anak loro cacahe nanging cacat kabeh, kalorone cebol lan kerdhil, dhuwure mung sadhuwure tongkat bedhil. Weruh anake kang kaya mangkono kuwi, Raden Jaka Panuhun sedhih lan pungkasane dheweke tapa brata nyuwun marang Kang Kuwasa. Raden Jaka Panuhun oleh pituduh saka swara gaib sing akon supaya dheweke nikah karo putrine ki Buyut Somolangu. Saka kuwi, Raden Jaka Panuhun duwe putra sing jenenge Raden Bagus Jaka Pramana.


Sri Getayu adhine Raden Jaka Panuhun sing pinter ing babagan agama, marentah ing Pamegatan. Kasalehanne ing babagan agama agawe asring ninggalake negara kanggo tapa brata. Sri Getayu duwe putra sing jenenge Raden Kayumutu. Raden Bagus Jaka Pramana sawise dhiwasa ngganteni bapakne marentah ing Pagelen kanthi gelar Sri Panuhun II. Sri Panuhun II duwe putri sing jenenge Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Kayumutu sawise dhiwasa uga ngganteni bapakne marentah ing Pamegatan. Raden Kayumutu duwe putra sing jenenge Raden Jaka Awu-Awu Langit.
Dyah Ayu Roro Wetan salah sijine putri sing ayu kaya dene Dewi Kamaratih. Kabar kondhange putri sing ayu kuwi nganti tekan plosok-plosok negri, ora kejaba kabupaten Wingka kang diparentah dening Raden Tumenggung Wingka, salah sijine wong kang duwe watak atos, ati getas, kasar, lan brangas. Raden Tumenggung Wingka duwe ati marang Dyah Ayu Roro Wetan lan pengin nglamar dheweke supaya dadi bojone. Raden Tumenggung Wingka akon ki Wedana Braja supaya nglamarake anake Sri Panuhun II yaiku Dyah Ayu Roro Wetan. Sri Panuhun II nesu krungu pangakune ki Wedana Braja kang dadi kongkonane Raden Tumenggung Wingka amarga ora gelem ngadhep panduwure lan nglangkahi andhap asor.
Raden Tumenggung Wingka ora trima marang panolake Sri Panuhun II. Dheweke duwe rencana arep nggempur krajan Pagelen. Rencanane enggal-enggal digawe. Sri Panuhun II ngrasa jengkel lan anyel marang polahe Raden Tumenggung Wingka. Kango ngilangake rasa jengkele, Sri Panuhun II lunga neng alas karo pangawale kanggo mbeburu satwa liar.
Raden Tumenggung Wingka enggal-enggal nglakoni rencanane. Dheweke lan rombongane enggal-enggal nyerbu krajaan Pagelen. Ndilalah krajan sepi amarga para pengawal lagi ngeterake Sri Panuhun II mbeburu ana ing alas, Raden Tumenggung Wingka enggal bisa mlebu ana ing jero krajaan. Raden Tumenggung Wingka kasil nrobos mlebu lan nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan. Permaisuri Sri Panuhun II kaget krungu reribut lan enggal-enggal nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan sing lagi turu. Pawarta saka ibune durung rampung, lawang keputren wis didhobrak. Pamungsuhan karo Raden Tumenggung Wingka kadaean ana kono kanggo mbela awake dhewe. Kakuwatane Dyah Ayu Roro Wetan ora sabandhing karo Raden Tumengung Wingka, Dyah Ayu Roro Wetan semaput saengga niyate Raden Tumenggung Wingka katurutan kanggo nyulik Dyah Ayu Roro Wetan.
Sri Panuhun II kang lagi mbeburu ngrasakake pirasat kang ora apik, mula enggal-enggal dheweke lan rombongane mulih ana ing krajan. Kasep kanggone Sri Panuhun II, krajaan Pagelen wis morat-marit. Sri Panuhun II enggal-enggal nggoleki permaisuri lan anake, nanging sing ditemokake mung permaisuri kang semaput. Sawise sadhar, permaisuri enggal-enggal nyritakake kadadean kang lagi wae dumadi. Sri Panuhun II nyerbu demi kaurmatane Pagelen arepa tangane wis kakuras amarga lagi wae mbeburu ana ing alas.
Raden Tumenggung Wingka ngerti yen mungsuh mesthi bakal teka kanggo mbales kalakuwane, mula dheweke siyap jaga sakabehe kanthi masang telik sandi ing kabeh panggonan krajaan. Sri Panuhun II tekan ana ing kabupaten Wingka lan enggal-enggal entuk serangan amarga dheweke wis siyap. Paperangan antarane Raden Tumenggung Wingka lan Sri Panuhun II kadadean ana kono, nanging kasektene Raden Tumengung Wingka pranyata ora bisa disepelekake. Raden Tumenggung Wingka menang. Sri Panuhun II kena ing gegamane Raden Tumenggung Wingka, awake gumletak tanpa daya. Raden Tumenggung Wingka ngira yen mungsuhe wis mati banjur mbuwang Sri Panuhun II lan prajurite ana ing kali Lerang. Pagelen enggal-enggal dikuwasani dening Raden Tumenggung Wingka.
Raden Kayumutu lan Raden Jaka Awu-Awu Langit ngliwati kali Lerang kanggo lunga nyekar ing leluhur. Katon saka kadohan ana wong keli. Rombongan Raden Kayumutu enggal-enggal nylametake wong-wong kasebut kang salah sijine yaiku Sri Panuhun II. Sri Panuhun II digawa ana ing Pamegatan. Sawise sadhar, dheweke nyritakake kadadean paperangane karo Raden Tumenggung Wingka. Rumangsa dadi sedulure, Raden Kayumutu arep ngewangi Sri Panuhun II. Raden Kayumutu ngundang putrane Raden Jaka Awu-Awu Langit lan arep mbales kalakuwane Raden Tumenggung Wingka kanthi cara adu pitik jago. Raden Jaka Awu-Awu Langit nggawa “Awu Bendo”, sing sing cakar lan kukune landhep banget lan bisa mbekas ana ing watu.
Raden Tumenggung Wingka ngrasa sedhih lan nggresula amarga Dyah Ayu Roro Wetan ora gelem dadi bojone. Raden Jaka Awu-Awu Langit teka ana ing krajan Wingka kanggo perlu adu pitik jago lan disambet kanthi apik dening Raden Tumenggung Wingka amarga dheweke seneng dolanan kaya kuwi sisan kanggo nglipur kasedhihane amarga saka panolake Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Tumengung Wingka mungsuh Awu Bendo duweke Raden Jaka Awu-Awu Langit nganggo Galih Ireng. Kalodhangan kuwi digunakake kanthi tenanan. Nalika kabeh lena, tanpa mikir dawa maneh Raden Jaka Awu-Awu Langit nyundukake keris pusakane ana ing awake Raden Tumenggung Wingka lan sanalika kuwi Raden Tumenggung Wingka tiwas. Pangawale nyerah tanpa nglawan maneh weruh majikane wis mati.
Raden Jaka Awu-Awu Langit kasil nggawa Dyah Ayu Roro Wetan kanthi slamet. Sri Panuhun II nyambut kamenangane Raden Jaka Awu-Awu Langit kanthi seneng. Pagen wis ana ing tangane lan Dyah Ayu Roro Wetan dinikahke karo Raden Jaka Awu-Awu Langit, Raden Jaka Awu-Awu Langit dadi gantine Sri Panuhun II kanthi gelar Adipati Cokropermono.
Dyah Ayu Roro Wetan lan adipati Cokropermono duwe anak telu jenenge Roro Pitrang, Roro traker, lan sing ragil Bagus Gentho. Adipati Cokropermono seneng nenandur kaya nandur pari lan dhele sarta ngingu sapi, wedhus, lan iwak sepat, dene Dyah Ayu Roro Wetan seneng nenun nggawe bathik. Dyah Ayu Roro Wetan duwe payudara sing dawa banget saengga yen anake arep netek gari nyampirake ana ing buri. Ing sawijining wektu, Dyah Ayu Roro Wetan lagi sibuk ujug-ujug dheweke ngrasakake ana sing netek saka buri. Ngira yen iku anake Dyah Ayu Roro Wetan meneng wae. Ora let suwe Adipati Cokropermono ana ing kono lan enggal-enggal ngelikake Dyah Ayu Roro Wetan supaya ngendhegage gaweyane lan nengok ana buri. Dyah Ayu Roro Wetan nuthuk pedhet nganggo palang kanthi nesu.
Adipati Cokropermono nakokake ana ing ngedi anak-anake. Nanging sing ana ing kono mung Bagus Gentho. Dyah Ayu Roro wetan kandha yen wiwit mau Roro Pitrang lan Roro Traker melu Adipati Cokropermono lunga., mung Bagus Gentho sing ana ing kono. Kalorone banjur nggoleki anake sing ilang, nganti ana abdi sing teka lan ngabari yen abdi mau weruh anake lagi dolanan lan mlebu ana ing lumbung.
Dyah Ayu Roro Wetan lan Adipati Cokropermono enggal-engal akon para abdi kanggo ngosongake kabeh lumbung sing kebak pari. Ngrasa yen ora sabar weruh tumandange para abdi kang rada alon, Dyah Ayu Roro Wetan njupuk galah lan ngudhek isi lumbung kasebut kanthi ceceran, kuntal menyang endi-endi. Sawise entek, katon anak lorone mau teturon lemes ana ing pojok. Kalorone wis ora ana nyawane.
Dyah Ayu Roro Wetan krasa jengkel lan anyel marang Adipati Cokropermono. Adipati Cokropermono dhwe ora trima yen disalahake, mbalekake kaluputane marang Dyah Ayu Roro Wetan, mula kalorone banjur padu. Adipati Cokropermono ngrasakake yen padu kaya kuwi ora ana enteke, mula dheweke pengin pisah lan arep mulih ana ing Pamegatan Awu-Awu Langit. Dyah Ayu Roro Wetan nyarujuki panjaluke bojone. Pungkasane kalorone pisah. Dyah Ayu Roro Wetan netep ana ing Pagelen, nerusake pamarentahan dadi putri panguwasa kanthi sebutan Nyai Adipati utawa Nyai Ageng Bagelen.
Nyai Ageng Bagelen ngetokake supata kanggo anak putuneb, yaiku ora entuk lelungan nggolek rejeki ing dina Anggara Kresna (Selasa wage), ora entuk nandur pari pulut ketan ireng, ngingu sapi ireng, kabeh wanita Bagelen uga ora entuk ngango klambi Sendhang Gadhung Mlathi, tapih lurik warna ijo, lan kemben bango tulak.
Nyai Ageng Bagelen marentah Pagelen nganti tuwa lan pungkasane seda.

1 komentar:

  1. Mantap Bro....
    ning aku yo urung sempat moco....
    Lanjut terus info babagan Purworejo



    Maju Terus

    Kedungsari>....

    BalasHapus