Sabtu, 12 Februari 2011

AGOMO IKU DUDU BAHAN PERDEBATAN

Kulonuwun!
Sak jane ngono antarane wong
theis lan wong atheis padha
salahe yen
ngrembug TUHAN.Salahe
wong 'atheis' nyoba njaluk
kateranganmarang
samubarang sing ora iso
diterangno. Lha piye,"wong
Pangeran iku tan
kena kinaya ngapa,ora
dunung ora rupa,ora narah
ora enggon".DIA
'bukan sesuatu'.
Salahe 'wong theis'
ngoyoworo, ngotot, kepengin
njelasno samubarang
sing ora kena dijelasno. "Laisa
kamitslihi syai'" (Tak ada yang
serupa
dengan-NYA, utawa DIA tak
serupa dengan sesuatu, Al
Qur'an 42:11).
Disemak sing tenan lho....,
"apa wae sing iso dijelasno iku
sejatine
'dudu Tuhan'". Lha panjelasan
iku lak produk pikiran!
Mulane ndhik njerone kitab
apa wae, ora nate diterangno
yen TUHAN iku
ana. Sing ana ndhik njero
kitab iku kawruh piye
manungsa iku bisane
dadi titah ing alam donya iki
bener lan pener. Lha
konsekuensi logise,
wong sing percoyo marang
kitab mau 'ngakoni anane
Tuhan'. Lak ngonooo
tah...! Sing disebut kitab ya
ngono, ora mung rupa buku
kaya Al Quran,
Injil, Taurat, Veda, Tao Te
Ching, Tipitaka lsp. Ora ana
buktine ing
alam donya iki ana kitab -rupa
buku, watu, lembaran kulit
lsp- ceblok
saka langit 'mak cebluuk' ing
ngarepe manungsa. Kitab sing
wiwitan ana
ya apa sing disebut "alam
donya sak isine iki". Wusanane
sing disebut
isi kuwi puncake ya arupa
'manungsa'. Manungsa duwe
kamampuan kanggo
maca isining jagad, mulane ing
jeroning manungsa uga ana
'kitabe'. Lha
manungsa sing wis jerooo
pangrasane lan akal-budine
nyoba maca
jejodhoan (pasangan) kitab
alam donya (kauniyah) lan
kitab ing jroning
batin, njur lahir kitab sing
didhawuhno kaya kitab-kitab
sing wis tak
sebut ndhik dhuwur maeng
(tadi). Lha dhawuh mau ana
sing di'transfer'
sarana lisan terus akhire
ditulis, ana sing langsung
diapal lan
ditulis saka wiwitan kaya Al
Quran. Lha ndhik Islam wacan
batine Nabi
mau kasebut "wahyu saka
Pengeran". Kanggo sedulur
Islam, coba disemak
sing tenan Al Qur'an 42:51.
Lha urip ing alam donya iki
bakal nrima
berkah, kabecikan lan
kaslametan yen menungsa ing
urip bebrayan iki
iso ngiket, iso nggathukno
telung kitab mau dadi siji.
Nggathukno telung kitab,
yaiku kitab kauniyah (alam
donya), kitab
batin (diri) lan kitab dhawuh,
dadi siji. Sarehning kitab
dhawuh mau
arupa 'sastra' sing kebak
pasemon, perlambang, kiasan,
perumpamaan,
sing sifate iku terikat ambek
'ruang' lan 'waktu', mulane
kitab dha-
wuh mau kudu ditafsirno.
Mulane kitab ing agama apa
wae ana tafsire.
Yen ora ana sing nafsirno,
kawruh mau bakal ditinggal
wong. Agamane
dadi ilang. Coba dipirsani,
pirang atus ewu nabi sing wis
tau ana ing
alam donya iki? Nanging kari
pira sing isih duwe kitab?
Dina iki ing Indonesia ana
buku anyar sing judhule "PIJAR
PERADABAN
MANUSIA", katulis dening
Franz Dahler, wong Swiss sing
wis nate ndhik
Indonesia th 1961-1979.
Panjenengane ing Indonesia
jumeneng "pastur
mahasiswa". Ing buku iku
Dahler nyoba njelasno teori
"evolusi" nganggo
bukti fosil-fosil lan literatur
mutakhir (1999). Ing kono
panjenengane
njelasno yen Adam lan Hawa
iku kiasan kanggo manungsa
sak utuhe. Adam
lan Hawa dudu jenenge wong
loro lanang-wadon. Lho lha
kok memper karo
sing tak tulis ndhik buku
"ISLAM ESOTERIS"! We lah,
ora nate ketemu,
ora rujukan ning karepe
padha, kepengin ngudhar
kawruh kitab.
BALI maneh nyang theis lan
atheis! Dadi, sejatine wong
urip iku gak
perlu, tak ambali maneh: gak
perlu, bengkerengan, rebutan
ana utawa
ora anane TUHAN. Tapi
manungsa kudu iso dadi "titah
sing nglakoni
kabecikan, darmaning urip"
miturut keyakinane dhewe-
dhewe. Yen padha
nglakoni darmaning urip, ora
ana kok padu iku. Bagaimana
bisa begitu?
Iyaa, amargo Tuhan iku
sejatine mung asma kanggo
KEBENARAN SEJATI,
ABSOLUTE REALITY, utawa AL
HAQ AL HAQQIQAH. Jenenge
wae kabeneran,
disebut ana utawa gak ana, ya
tetep ana. Yen ora ana
kabeneran, ya
jagad sak isine iki ora nate
ana. Lha perkoro ABSOLUTE
REALITY mau
disebut TUHAN utowo TIDAK
ADA TUHAN, ya ora apa-apa.
Wong TUHAN iku
mung tembung! Yen wong
beragama Islam, Kristen,
Yahudi, Hindu nyebut
"AR" mau ya TUHAN. Kanjeng
Siddharta nyebut "AR" mau
"KASUNYATAN". Ana
sing nyebut TAO lsp. Lha wong
atheis kandha yen TUHAN iku
ora ana,
sing ana "THE EXISTANCE",
Keberadaan! Lho ngono wae
kok digawe
rebutan. Ada orang
mengatakan DIA ada atau
tidak, ya tetap ADA.
Wong urip iki bakal ora paten-
pinaten sak sasamane yen
ngerti darmane
urip, tugase urip ing alam
donya. Wong urip kudu
ngerteni yen manungso
iku kudu rumongso dadi
manungso! Padha-padha
manungsane! Padha golek
pangan lan ngombe. Padha
kepengin urip saling dikasihi
dan mengasihi.
Padha kepengin urip ditrima
ing sesrawungan. Padha
kepengin diakoni
eksistensine. Mulane, wong
urip ndhik unisoviet rikolo
samana ora
padha paten-pinaten, masiya
dhasare urip atheis. Lha wong
urip ing
alama donya iki bakal paten-
pinaten yen ora ngerteni
kawruh luhure
manungso mau. Paten pinaten
iku iso kadadeyan ing sak
jrone agama uto-
wo antar agama/kepercayaan
yen ora ngerti sejatine urip iki
apa!
Kudu ngerem 'ego' rek,
supaya ngerti jumenenging
urip! SADAR yen dadi
manungso! Wingenane ana
sing takon nyang awakku,
"apa se mas tegese
sadar kuwi?" Lho sing dhasar-
dhasar saiki akeh sing ora
ngerti. Lha
nek ndhik ngisor gak ngerti,
apa maneh ndhuwure. Sapaa
sing salah iki?
Sing jelas dudu kancaku sing
takon mau. Lha pancen
durung ana sing
nate njelasno kok. Aku ya
mikir piye yaa njelasno sing
gampaang
diterima. Akhire tak tak
terangno ngene, "sadar iku iso
nanggapi ka-
nyatan kanthi bener lan
pener." Contone, wong
semaput (pingsan) dise-
but sadar yen wis keno
ditakoni lan iso njawab kanthi
bener lan pener
sapa sing nakoni mau. Wong
sing sik tas tangi turu, yen
ditakoni
biasane njawab ora pener, sik
bingung, durung sadar. Lha
tambah dhuwur
kasadarane yen tambah akeh
sing iso ditanggapi kanthi
bener lan pener.
Mulane, ayoo para kanca
ningkatno kasadaran kito
kabeh! Let's improve
our awareness! Wis wancine
kito kabeh metu soko goro-
goro.
Ana kanco atheis yen nduweni
prinsip 'kemanusiaan', ya
diajak urip
bebarengan. Aja dibedak-
bedakno. Aja gampang curigo.
Stephen Hawking
sing wis matur yen
panjenengane atheis, ning
tetep nyumbangsih kanggo
kasejahteraane wong urip.
Ana dokter sing atheis, we lah
lha kok malah
nulung wong lara kanthi usaha
nambani sing temenan, ora
komersiil.
Nanging ana sing ngakoni
ngugemi agama, lha kok
malah ngitung tarip,
pasen mau iso bayar apa ora.
Wis supaya gak kedowo-dowo
mengko aku mundhak lali
teruse. Sak mene
wae dhisik yaa....
Matur nuwun,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar