Jumat, 11 Februari 2011

Suara Borowetan

Pawartos Jawi nyuwun
pangestunipun para sutresna
sadaya supados tetep jejeg
jangkahipun mecaki lurung
ingkang sangsaya rumpi
sinartan jejibahan
nglestarekaken lan
ngrembakaken basa tuwin
budhaya Jawa sanadyan kanthi
keponthal-ponthal ngoyak
jaman ingkang mlajeng
nggendring.
Tumrap para ingkang remen
olah kridha batin lan pangulir
budi, wiwit sasi Juni punika
pasugatan Pawartos Jawi ugi
badhe ngrembag bab ingkang
hangengingi kabatosan tuwin
kautamaning budi kadosta
piwulang ingkang tujuwanipun
hanggegesang raosing
kamanungsan ingkang
tundhonipun sageda kula lan
panjenengan sadaya dados
tiyang ingkang migunakaken
kekiyatanipun kangge
rahayuning bebrayan ageng,
boten sanes inggih
lumeberipun rahayuning jagad
punika.
Jer wajibing tiyang gesang
punika wonten kalih prakawis,
manawi boten sinau inggih
mucal. Liripun sinau, inggih
punika tansah ngudi
undhaking kawruh lair lan
batin. Liripun mucal, tansah
aweh obor dhateng tiyang
ingkang saweg nandhang
kapetengan budi. Hewadene
ingkang tansah dipunudi
dening tiyang ingkang
wicaksana inggih punika
sageda nyumerebi cacadipun
piyambak sarta mbudidhaya
kados pundi amrih saenipun,
punika katindhakaken
saderengipun paring
pamrayoga dhumateng
asanes.
Tiyang wicaksana punika beda
kaliyan tiyang ingkang pinter
srawung lan tumindhak ajur-
ajer ing madyaning bebrayan.
Bobot sarta ajinipun sayekti
anglangkungi katimbang
moncering kawruh. Mila boten
cekap namung sarana
dibandhani pepaking ilmu-ilmu
pangawikan kemawon,
nanging sabageyan ageng
malah sumendhe wonten ing
anggenipun pinter srawung
lan wor-woran kalayan
sasaminipun, tanpa nyawang
undha-usuking semat lan
drajat punapa dene beda-
bedaning kalungguhaning
tiyang ingkang dipun
srawungi.
Ajining manungsa punika
boten amargi piyambakipun
kadunungan wewatekan luhur
lan kapinteran ingkang
bebasan saged kangge njarah
angin, nanging muhung
dumunung ing pakarti
anggenipun ngamalaken
wewatekan lan kapinteranipun
wau. Parandene pakarti
ingkang bebasan tanpa aso,
nanging manawi sinartan ing
pamrih golek puji lan suwur,
punapa dene ngantos ngalab
donya brana punika dede nami
ngamal. Pakarti ingkang
makaten wau malah saged
mbebayani tumraping
bebrayan amargi alamipun
ngandhut wisa tur malih
ngangge kekudung naminipun
tiyang akathah malih.
Satunggal-tunggalipun
manungsa punika gesangipun
sami katitik saking cipta, rasa,
lan karsanipun. Sipating
gesangipun manungsa warni
tiga wau punika kenging kula
tembungaken dhaya-
dhayaning Pangeran ingkang
dumunung wonten ing
manungsa. Dados
kewajibanipun manungsa
gesang wonten ing donya
punika sageda ngangge dhaya-
dhaya wau miturut
dhedhasaranipun piyambak-
piyambak.
Karsa punika pentokipun
dhateng panguwasa amargi
manungsa punika manawi
sampun saged mranata
badhanipun piyambak inggih
badhe saged mranata dhateng
sakiwa tengenipun. Namung
kemawon kawasa ingkang
sampun kasalira manungsa
punika wau kedah kangge
angayomi awit dhedhasaring
kodrat punika angayomi.
Rasa punika keplasipun
dhateng katresnan, tegesipun
manungsa kedah ngangge
kekiyataning raos tresna
dhateng sasamining
ngagesang.
Cipta punika keplasipun
dhateng kaweruh. Ananging
manungsa kedah enget
dhateng weting kodrat bilih
kaweruh punika kedah tumuju
dhateng pangurbanan, dados
sepi ing pamrih ingkang
ateges dhateng karahayon.
Manawi sadaya manungsa
sami kersa menggalih saestu
dhateng kamanungsanipun
piyambak-piyambak,
pinanggihipun tamtu angakeni
bilih manungsa wonten ing
alam donya punika ingkang
sami dipun esthi dhateng
begja. Ananging manungsa ugi
kedah sami ngrumaosi bilih
begjanipun manungsa punika
inggih kalayan manungsa
sanesipun. Pramila manungsa
kedah hanetebi karukunan.
Gesangipun kedah dipun
runtutaken kaliyan tatananing
kodrat ugi tatananing
Pangeran.
Wiji punika sasampunipun
thukul lajeng semi, mrajak,
menthil, ngembang, awoh,
nuli gogrog, wusananipun
uwitipun lajeng garing.
Makaten punika
pepindhanipun uriping
manungsa boten saged uwal
saking kodrat. Mila mumpung
kita teksih gesang, sumangga
sami ngudi kasembadaning
kawruh amrih saged
marisaken woh lan wiji
ingkang migunani tuwin boten
mitunani.
Tatananing kodrat punika
tumuju dhateng karukunan,
sanes memengsahan, inggih
punika dados manunggil
[boten pepisahan], dhateng
kajujuran [boten nakal-
nakalan], dhateng begja
umum [boten begja
piyambak], dhateng
panyambut damel sesarengan
[boten unggul-unggulan], lan
dhateng tulung-tinulung
[boten mangsa bodhoa].
Manawi manungsa gesangipun
mawi ngengeti dhedhasaran
makaten mesthinipun boten
lajeng manah badhanipun
piyambak, nanging ingkang
dados esthinipun
wilujenganipun bebrayan.
Gesangipun manungsa
satunggal lajeng ateges
gesangipun manungsa sadaya.
Wohipun badhe damel
begjanipun sadaya manungsa
amargi ingkang wonten
namung katresnan anebihi
sesengitan.
Manawi dipun raosaken
ingkang yektos, jagad punika
saged anyekapi kabetahanipun
manungsa, boten nate
kekirangan. Wontenipun
kasangsaran ingkang dipun
sandhang dening manungsa
punika sebabipun rak boten
sanes kejawi lepating tatanan
ingkang dipun damel dening
manungsa piyambak. Lha
ingkang ‘kajibah’ damel
tatanan punika, tamtu
tatananipun badhe kadamel
miring [nguntungaken]
dhateng badhanipun utawi
golonganipun piyambak. Awit
saking punika lajeng tuwuh
kawontenan ingkang boten
samesthinipun.
Anglampahi gesang ing
bebrayan ageng punika tamtu
asring kathah
sandhunganipun, asring
katatap-tatap utawi kedah
wani kurban kekiyatan pikir,
bandha tuwin sanes sanesipun.
Ananging ingkang makaten
wau sampun dados
ubarampenipun tiyang ingkang
olah kautaman anuju dhateng
kaluhuran.
“ Mung bae wekasing wang,
ywa pegat teteki,” makaten
wulanganipun KGPA
Mangkunegara IV. Sadaya
tumindak punika pancen
kedah linambaran teteki,
tegesipun kedah mulat
dhateng punapa ingkang dipun
tindhakaken. Dados teteki ing
ngriki boten ateges ngirangi
tilem utawi tedha, nanging
tansah mulata dhateng
sakathahing tindak amargi
manawi anggenipun
nglampahaken boten mawi
kawicaksanan, tuna
dungkapipun sok inggih
andrawasi. Mila mbokmenawi
wonten pigunanipun kula
ngaturaken welinging tiyang
sepuh kados ing ngandhap
punika:
Manungsa kudu nalangsa,
tegese nalangsa iku dudu
bungah, dudu susah, nanging
wong kang prihatin. Tegese
prihatin dudu cegah dhahar
lawan guling, nanging
nglanggengake rasa eling,
mangesti marang kang mesti.
Manungsa kudu asarira
bathara. Yaiku kahananing
kedadeyan kabeh iki kudu
percaya marang kang
nglakoni. Kudu narima
takdiring wiji, tegese aja
durga mangangsa-angsa
nanging tumindhaka kalawan
saparenge.
Kudu taberi amarsudi
purwaning dumadi, tegese apa
kang den gayuh aja nganti
nganggo ati lumuh, kudu
sarana dilakoni. Dene
saranane laku iku ana rong
prakara yaiku kudu tlaten
lawan taberi [sregep]. Tlaten
iku kenane saka sethithik,
taberi tegese aja medhot
olehe anindhakake.
Witing urip kudu ngerti bibit
kang gaib. Tegese gaib ora
dumunung neng bumi langit,
ora sumlempit ing beslit, ora
kalempit ana ing jarit, ora
kacarub wilanganing dhuwit,
nanging kudu titi papan
karempit pitakon kang luwih
tertib. Yen wus winangsit aja
nganti morat marit. Sinimpen
ing ‘guwa’ wingit, kena
kawedharake yen nocogi karo
kapreluwane. Kudu eneng,
ening, awas, eling [rasa
rumangsani], wanuh wani
kudu wuninga. Cetuk cetak
kudu kang cetha. Temen temu
kudu kang tekan.
Wohipun tiyang kersa
migatosaken kawontenan
punika temtu badhe gesang
raosipun, kagigah raosipun
lajeng purun ngraosaken
dhateng kawontenan. Manawi
sampun gesang raosipun,
padhatanipun lajeng tuwuh
niyatipun tumut hangrencangi
kadumugening sedya memayu
hayuning gesang ing
satengahing bebrayan ageng.
Manungsa punika kedah
nyumerebi dhateng
kodratipun, makaten
kawontenanipun, inggih
punika;
Sapisan, manungsa punika
gadhah badhan wadhag.
Badhan wadhag punika
gadhah gesang piyambak
manut wetipun anasir.
Kaping kalih, manungsa
punika gadhah badhan
ingkang winastan badhan urip.
Nanging sampun klentu ing
panampi, badhan urip punika
boten wujud anasir, boten
kasat mripat, nanging wujud
dhaya ingkang ngebahaken
rah, nata lampahing ambegan,
dhaya ingkang gegandhengan
kaliyan tangkar tumangkaring
manungsa.
Kaping tiga, manungsa punika
gadhah badhan ingkang dipun
wastani badhan pangrasa
inggih boten kasat mripat,
wujudipun kados dene sorot.
Punika dados wadhahipun rasa
lan cipta [sisah, tresna,
dereng, karep ingkang taksih
semang lsp].
Kaping sekawanipun,
manungsa punika gadhah aku,
tegesipun manungsa punika
saged mastani badhanipun
piyambak Aku. Wonten
ingkang mratelakaken
samangsa manungsa punika
sampun nyumerebi
badhanipun piyambak inggih
badhe nyumerebi
Pangeranipun.
Manungsa punika tamtu sami
ngakeni bilih gesangipun
punika nggadhahi nyawa
[suksma]. Dados glegering
tiyang punika wonten kalih
perangan, inggih punika
badhan wadhag ingkang asipat
kasar tuwin suksma ingkang
asipat alus. Sampun limrah
bilih tiyang punika remen
menggalih gesangipun.
Tumrap wadhagipun ingkang
limrah sampun boten dados
penggalih malih. Dene
ingkang asring dipun grejahi
inggih punika pun suksma
ingkang asipat alus boten
kasat mripat. Penggalih
makaten wau lajeng asring
nuwuhaken pitaken kados
pundi manjingipun, manggen
utawi dunungipun suksma
punika wonten ing raga lan
kados pundi kesahipun suksma
punika.
Makaten wau pancen inggih
prelu dipun grejahi jalaran
saged ngindhakaken kawruh
ingkang badhe saged
murakabi dhateng gesangipun.
Menggah panulusuripun kedah
dipun kanteni sarana
migunakaken nalar lan pikiran
kanthi adhedhasar
kawontenan tuwin kanthi
katandhing kaliyan
pengalaman.
Manut kanyataning ingkang
kasat mripat, dumadining
manungsa punika mapan
wonten ing guwa garbaning
biyung karana pulang
asmaraning yayah-rena awit
saking paguting raos tresna
peparinganing Pangeran.
Kanyatan ingkang kasat
mripat punika njalari tuwuhing
tetembugan bilih wong tuwa
punika amung kinarya
lantaring tumuwuh. Manawi
namung kangge lantaran
kemawon, mesthinipun
wonten ingkang dhawuh utawi
kuwaos nglantaraken wiji
gesang wau.
Katranganpunika minangka
paseksen bilih bab ingkang
kaudhal punika mboten
namung mligi ingkang wonten
utawi kasat mripat kemawon.
Nanging panulusuripun sageda
kabablasaken ngantos bebles
dhateng bab ingkang manut
muluring penggalih kakinten-
kinten wonten. Kanthi
pancadan lampahing gagasan
kasebut pramila isining
kasusastran Jawi katuwonipun
ngandhut unsur-unsur filsafat.
Kawruh filsafat mekaten
ngrembag bab ingkang
wonten sarta ngrembag bab-
bab ingkang kakinten-kinten
wonten pinanggih ing nalar.
Suksma makaten ingkang
murugaken utawi ingkang
nggesangi badhan wadhag.
Dados manawi wadhag punika
boten kapanjingan suksma,
tamtu boten badhe saged
gesang. Samangke mangga
sami dipun penggalih
kawontenan ingkang sampun
kalimrah, punapa dene
dumados wonten kalanganing
tiyang bebrayan sadonya bilih
bayi ingkang saweg lair saking
guwa garbaning biyung punika
tamtu nangis.
Manawi wonten bayi lair boten
kanthi nangis, punika tamtu
ginanggu utawi wonten
sababipun. Tiyang sepuhipun
tamtu lajeng enggal enggal
pados akal lan ngreka dhaya
supados bayi wau sageda
enggal nangis. Wonten cara
ingkang sampun kalimrah
tumrap umum, manawi
wonten bayi lair boten nangis,
punika lajeng dipun gebrag,
prelunipun supados kaget
lajeng nangis. Wonten malih
cara dusun, bayi wau dipun
interi wonten ing tampah.
Makaten cara tuwin reka
dhayanipun. Tiyang sepuh
ngretos lan gadhah
kapitadosan bilih tangising
bayi ingkang saweg lair punika
dados pratandhaning
anggenipun nyata gesang.
Dene manawi boten nangis
dipun kuwatosaken manawi
pejah. Mila inggih sampun
leres manawi lajeng ngreka
dhaya supados bayi wau
tumuntena saged nangis.
Wontenipun bayi lair procot
lajeng nangis, punika tamtu
inggih wonten sababipun. Bayi
punika anggenipun dedunung
utawi manggen wonten ing
guwa garbaning biyungipun
ingkang limrah watawis
sangang sasi. Wekdal sangang
wulan wau klebet dangu.
Sampun dados wataking tiyang
gesang, punapa kemawon
ingkang dipun alami punika
tamtu dados pakulinan. Dene
pakulinaning manggen wonten
ing satunggaling papan,
punika tamtu lajeng
nuwuhaken raos kraos.
Lha tiyang punika manawi
sampun kraos anggenipun
dedunung wonten
satunggaling papan, mangka
lajeng kapeksa kedah pindhah
dhateng papan sanesipun, ing
ngriku limrahipun lajeng
nuwuhaken raos kaget.
Upaminipun tiyang ingkang
sampun kulina lan kraos
manggen wonten ing papan
ingkang hawanipun benter,
lajeng pindhah dhateng papan
ingkang hawanipun asrep,
punika inggih kathah ingkang
kaget. Kagetipun wau,
umpaminipun kemawon,
lajeng murugaken raos sakit.
Makaten tuwin sanes-
sanesipun.
Tumrap bayi inggih boten
beda. Lair punika ugi ateges
pindhah dhateng panggenan
ingkang beda sanget
kawontenanipun kaliyan
panggenan ingkang dipun
dunungi sakawit inggih punika
guwa garbaning biyungipun.
Nalika lair mak bruwol, pun
bayi lajeng kraos kaget,
umpaminipun kemawon kaget
anggenipun lajeng klebetan
hawa ambegan. Kaget
makaten tumrap bayi lajeng
murugaken nangis. Tangis
punika dados lintuning
wicantenan ingkang kangge
nglairaken raos boten seneng,
emoh, boten cocog. Makaten
wau sampun dados cithakan
tumrap saben bayi. Bab
punapa kemawon ingkang
boten dipun senengi lan boten
dipun cocogi, pun bayi tamtu
lajeng nangis, upaminipun
kraos ngelak, luwe, sakit, lsp.
Tangis ateges kangge
nglairaken raos minangka
lintuning wicanten. Tumrap
ingkang gegayutan kaliyan
dhaya alus, umpaminipun
manawi ing wanci dalu wonten
durjana ingkang nggadhahi
sedya awon, adatipun bayi
inggih lajeng nangis. Mila
makaten awit bayi taksih
murni, pangraosipun teksih
landhep saged ngraosaken
gegetering dhayanipun tiyang
sanes. Gegetering dhaya
ingkang nggadhahi kajeng
boten sae wau tumrap bayi
inggih boten nyenengaken lan
boten cocog, mila lajeng
nangis.
Dados tangising bayi lair
punika boten ateges bilih
punika dados pratandhaning
nalika manjing suksmanipun.
Tiyang sepuh inggih saged
nangis, manawi makaten
tangis wau pancen sampun
kinodrat dados pirantosipun
tiyang wiwit lair ngantos
dumugi sepuh minangka
sarana kangge nglairaken
raos.
Lajeng samangke kados pundi
manjingipun suksma dhateng
bayi? Ing wadhah bayi punika
wonten uritanipun [tigan-wijil],
punika sampun kadunungan
utawi kasamadan gesang.
Manawi wiji saking wanita
kempal kaliyan wiji saking
priya saged mahanani dados
jabang bayi. Menggah
kempaling wiji ingkang saged
dados bayi punika manawi
kadhayan tiyang kekalih wau.
Dene ingkang kawastanan
dereng, inggih amargi
serenging karsa ingkang
sinartan [kaworan] raos
sengsem, utawi gampilipun
katembungaken dereng
kapincut.
Tempuking karsa antawisipun
priya lan wanita punika
nuwuhaken pletik [pletiking
kaalusan]. Inggih pletik wau
ingkang lajeng manjing
anglimputi [campur]
kempaling wiji punika
temahan dados suksmanipun
bayi ingkang dados wau. Dene
kempaling tigan utawi wiji
lajeng dados badhan
wadhagipun.
Derenging karsa ingkang
kaworan sengsem [kapincut]
antawisipun priya lan wanita
punika limrahipun boten sami
kekiyatanipun, saged ugi kiyat
derenging kakung, saged ugi
kiyat derenging wanita.
Manawi tempuking derenging
karsa kiyat ingkang saking
kakung, punika temahan
badhe dados lare estri.
Kosokwangsulipun manawi
derenging sengsem wau kiyat
ingkang saking estri punika
dadosipun lare badhe lair
jaler. Dene manawi derenging
sengsem wau sami dene
kiyatipun punika badhe
mahanani lairipun bayi
kembar.
Saklajengipun bab manjinging
suksma wonten ing raga,
punika boten wonten ing
nglebet lan inggih boten
ngurungi wonten ing njawi.
Nanging suksma lan raga wau
sami apepuletan limput-
linimputan. Gampilipun
kenging katembungaken
kados dene kelet mawa ancur
[lem kadamel saking deplokan
beling utawi pecahan kaca].
Tumrap tiyang ingkang ngudi
kawruh ulah kabatosan,
punika sagedipun nyatakaken
kasunyataning jiwa utawi
suksma manawi ‘raos’ saged
dumunung wonten antawisipun
pepulatenning raga kaliyan
suksma.
Suksma punika limrahipun
asring katembungaken dados
dhalangipun, raga
katembungaken minangka
wayangipun utawi ringgitipun.
Ebah makartining wayang
saking pun dhalang. Manawi
suksma taksih tetemplekan
kaliyan raga, punika ingkang
dipun namakaken ‘kawula’.
Dene manawi suksma pisah
kaliyan raga manunggil
kaliyan ingkang asipat gesang,
punika lajeng limrahipun
kanamakaken ‘gusti’.
Limrahipun tiyang punika
kepingin lan ngudi sagedipun
nyumerebi kasunyataning alus
utawi suksmanipun. Miturut
ingkang sampun nate kula
alami, makaten wau
sagedipun dumados
[kaleksanan], inggih punika
nalika kula ‘nggadhahi raos
boten tresna babar pisan
dhateng badhan kula
piyambak. Sampun klentu ing
panampi, katrangan sampun
boten nggadhahi katresnan
babar pisan dhateng
badhanipun piyambak punika
tumrap Serat Dewa Ruci
mbokmanawi kemawon cocog
kaliyan ungel-ungelan:
“Cekake manungsa puniki,
patoke wani pejah; lamun
wedi lampus, sabarang nora
tumeka.”
Wani pejah ateges wani
kecalan badhanipun
piyambak. Boten nresnani
badhanipun piyambak ateges
boten eman, lila lan ikhlas
manawi badhanipun wau
dados kados pundi kemawon
boten prelu dipun suntik
silikon grana lan
payudharanipun, boten prelu
dipun semir pirang
rekmanipun, lsp. Dados
sampun boten nresnani
badhanipun piyambak ugi
ateges lila ing pejahipun utawi
wani mati [sajroning urip].
Sakawit menggah njedhuling
raos makaten tuwin
temahanipun teka lajeng
murugaken saged nyumerebi
jiwa kula piyambak wau
saestunipun boten kaliyan
kula jarag, nalika semanten
kula namung ngleresi
prihatos, manah badhe
ngleksanani pitedhahing bapa
panuntun kula bilih tiyang
punika kedah ngolah
gesangipun. Nanging dangu-
dangu lajeng asring saged
kaleksanan malih sarana kula
sedya, inggih sarana nisihaken
[ngicali] raos tresna dhateng
badhan kula piyambak kanthi
sinartan menebing pikiran.
Dene anggen kula nggadhahi
pamanggih bilih
kaleksananipun sarana ngicali
katresnan wau, manggihipun
inggih sasampunipun
kaleksanan nyumerebi kanthi
mboten njarag wau.
Manawi dipun tekakaken
suksma puika kados pundi
wujudipun? Ing nalika kawitan,
manut pengalaman lan
rumaosing sesawangan kula,
pun suksma punika rupenipun
inggih kados kula piyambak
tuwin werninipun kados dene
salju. Makaten punika kula
piyambak inggih lajeng
katuwuhan raos pitaken “Apa
ya kaya aku tenan ta kuwi?”
Salajengipun sareng kula
saged namataken, miturut
raos lan sawangan kula, jebul
boten kados kula. Ing ngriku
rumaos kula tan agrana tan
anetra, tan kakung tan
wanodya tan wandu.
Katrangan bab kepanggih
kaliyan suksmanipun
piyambak wau mbokmanawi
mor misah kemawon kaliyan
babaring cariyos Dewa Ruci.
Dewa Ruci kapindhakaken
kaliyan Werkudara [namung
kadamel langkung alit
ingkang limrahipun
kawastanan Dewa Bajang],
lajeng paring wejangan
dhateng Werkudara. Dados
manawi makaten Dewa Ruci
wau dados gurunipun
Werkudara ingkang sejati
kasebat Sang Guru Jati ya
sejatining guru, inggih
gurunipun saben tiyang.
Kados ingkang sampun
kababar ing ngajeng, suksma
punika dunungipun wonten ing
raga tan kajaba tan kajero
boten wonten ing lebet boten
wonten ing njawi, nanging
anglimputi wadhag
apepuletan, nemplekipun
kadosdene mawi lem.
Salajengipun manawi tiyang
pejah, inggih punika suksma
pisah kaliyan raganipun,
punika jalaran lem ingkang
ngeletaken wau sampun boten
kiyat anggenipun nggondheli.
Wonten ing jagading ulah
kabatosan, bab Manunggaling
Kawula Gusti punika
limrahipun dados gegebengan
[cepengan] ingkang wigatos
sanget, tansah dados reraosan
lan tansah dados bahan
pirembagan, langkung-
langkung wonten ing
kalanganing para pinisepuh.
Bab kawruh jumbuhing kawula
Gusti wau limrahipun
kaperang dados kalih. Ingkang
kawitan aran Warangka
Manjing Curiga. Ingkang
kaping kalihipun Curiga
Manjing Warangka.
Warangka punika wadhahipun
dhuwung utawi keris,
pikajenganipun inggih punika
alusing raosipun manungsa
minangka wadhahing Suksma.
Hewadene curiga ateges
wilahaning keris,
pikajenganipun isinipun inggih
punika kaalusan suksmaning
manungsa ingkang nunggal
kawontenan kaliyan dzatipun
Pangeran. Menggah gathuking
kalih-kalihipun wau limrahipun
dipun wastani sapatemon
kaliyan Sang Guru Jati.
Sarehning kawruh
manunggaling kawula Gusti
wau sampun misuwur [lan
kaprah] tumraping umum, ing
ngriki ugi prelu kawedharaken
supados sageda muwuhi
undhaking kawruh lan
seserapan sawatawis.
Minangka tuladha kangge
nggambaraken kawruh
manunggaling kawula Gusti
ingkang wau saweneh wonten
ingkang ngandharaken kanthi
kawujudaken cariyos wayang,
inggih punika lampahan Dewa
Ruci.
Sekedhik kemawon ingkang
badhe kula aturaken wonten
ing ngriki, lowung saged
damel lelimbangan. Supados
mboten ngambra-ambra,
becik dipun wiwiti saking
nalika Werkudara saged
kepanggih banjur pikantuk
wejangan saking Dewa Ruci,
ingkang dados sanepanipun
Sang Guru Jati. Sinawung ing
tembang Dhandhanggula:
“ Lah ta mara Wrekudara
aglis, lumebuwa guwa
garbaningwang, kagyat
miyarsa wuwuse. Wrekudara
gumuyu, sarwi angguguk
turira aris, dene paduka
bajang, kawula geng luhur,
inggih pangawak prabata
saking pundi margane kawula
manjing, jenthik mangsa
sedhenga.
Angandika malih Dewa-ruci,
gedhe endi sira lawan jagad
kabeh iki saisine, kalawan
gunungipun, samodrane alase
sami, tan sesak lumebuwa
guwa garbaningsun,
Wrekudara duk myarsa , esmu
ajrih kumel sandika tur-neki,
mengleng sang Ruci-dewa.
Iki dalan talingan-ngong
kering. Wrekudara manjing
sigra sigra, wus prapta ing jro
garbane, andulu samodra
gung, tanpa tepi nglangut
lumarib, leyeb adoh katingal,
Dewa ruci nguwuh, heh apa
katon sira, dyan sumaur sang
Sena inggih atebih, tan wonten
katingalan.
Awang-awang kang kula
lampahi, uwung-uwung tebih
tan kantenan, ulun saparan-
parane, tan mulat ing lor
kidul, wetan kilen datan
udani, ing ngandhap nginggil
ngarsa, kalawan ing pungkur,
kawula boten uninga,
langkung bingung ngandika
sang Dewa-ruci, haywa maras
tyasira.
Byar katingal ngadhep Dewa-
ruci, Wrekudara sang wiku
kawangwang, umancur katon
cahyane, nulya wruh ing lor
kidul, wetan kilen sampun
kaeksi, nginggil miwah
ingandhap, pan sampun
kadulu, apan andulu baskara,
eca tyase miwah wiku kaeksi,
aneng jagad walikan.
Dewa-ruci suksma angling
malih, payo lumaku
andeluluwa, apa katon ing
dheweke, Wrekudara umatur,
wonten warni kawan
prekawis, katingal ing kawula,
sadya kang wau sampun datan
katingalan, amung kawan
prekawis ingkang kaeksi,
ireng bang kuning pethak.
Dewa suksma ruci ngandika
ris, ingkang dingin sira anon
cahya, gumawang tan wruh
arane, panca maya puniku,
sajatine ing tyas sayekti,
pangareping sarira, tegese
tyas iku, ingaranan Mukasipat,
kang anuntun marang kang
linuwih, kang sejatining sipat.
Mangka tinulak haywa
lumaris, awasena rupa aja
samar, kawasane tyas
empane, wit tingal ing tyas
iku, anengeri marang sajati,
eca sang Wrekudara,
amiyarsa wuwus, lagya
medem tyas sumringah, dene
ingkang abang ireng kuning
putih, iku durgamaning tyas.
Pan isining jagad amepaki, iya
ati kang telung prakara,
pamurunge laku dene, kang
bisa pisah iku, mesti bisa amor
ing gaib, iku mungsuhe tapa,
ati kang tetelu, abang ireng
kuning samya, ingkang nyegah
cipta karya kang lestari,
pamoring Suksma mulya.
Lamun nora kawileting katri,
yekti sida pamoring kawula,
lesatri ing panunggale, poma
den awas emut, durgana kang
mungging ing ati, pangwasane
weruha, siji sijinipun, kang
ireng luwih prakosa,
panggawene asrengen
sabarang runtik, andadra
ngombra ombra.
Iya iku ati kang ngadangi,
ambuntoni marang kabecikan,
kang ireng iku gawene, dene
kang abang iku, iya tudhuh
napsu tan becik, sakehing
pepenginan, metu saking iku,
panas-ten panas-baranan,
ambuntoni marang ati ingkang
eling, marang ing
kawaspadhan.
Apa dene kang arupa kuning,
kawasane nanggulang
sabarang, cipta kang becik
dadine, panggwe amrih tulus
ati kuning kang ngadhang
ngadhangi, mung panggawe
pangrusak, binanjur jinurung,
mung kang putih iku nyata, ati
anteng mung suci tan ika iki,
prawira ing karaharjan.
Amung iku kang bisa nampani,
ing sasmita sajatining rupa,
nampani nugraha nggone,
ingkang bisa tumaduk,
kalestaren pamoring gaib, iku
mungsuhe tiga tur samya gung
agung, balane ingkang titiga,
kang aputih tanpa rowang
amung siji, marma anggung
kasoran.
Lamun bisa iya nembadhani,
marang mungsuh kang telung
prakara, sida ing kono
pamore, sengkud pamrihipun,
sangsaya birahinira, saya
marang kawuhusaning
ngaurip, sampurnaning
panunggal.”
Inggih kados makaten
kalawau gambaraning kawruh
bab jumbuhing kawula Gusti
ingkang kababaraken ing
cariyos wayang lampahan
Dewa Ruci. Katrangan ing
nginggil wau nggambaraken
tumindakipun tiyang ingkang
nglampahi semadi ingkang
sampun dados, sampun saged
mbikak warananing (aling-
alinging) gaib kanthi
ngawonaken panggodhaning
hawa napsu [hawa angkara
murka].
Sang Werkudara saged
sapatemon kaliyan Sang Guru
Jati [iya gurune dhewe kang
sejati] kalawan sampurna.
Sampurnaning sapatemon
dipun gambaraken wonten ing
lelampahan Werkudara
anggenipun wawan rembag
kaliyan Dewa Ruci.
Kosokwangsulipun sapatemon
ingkang dereng sampurna,
punika saged kepanggih
kaliyan Sang Guru Jati wau,
namung kemawon boten
saged wawan rembag,
umpaminipun namung saged
nyumerebi, wonten malih
saged kepanggih nanging
namung saged nampeni
dhawuhipun kemawon, boten
saged pitaken lan mboten
saged matur punapa punapa.
Samangke badhe kula
aturaken bacuting tembang
ingkang mratelakake bab
sambung rapetipun manungsa
kalayan gaibing urip sejati,
inggih ingkang anglimputi
sakalir.
“ Yen makaten ulun boten
mijil, sampun eca neng ngriki
kewala, datan wonten
sangsayane, tan niyat mangan
turu, boten arib boten angelih,
boten ngraos kangelan, boten
ngeres linu, amung nikmat lan
mupangat, Dewa-ruci ling ira
tan keni, yen ora lan antuka.
Sangsaya sihira Dewa-ruci,
marang kang kaewasihing
paneda, lah iya den awas bae,
mring pamurunging laku,
haywa ana kamireki, den
bener den waspadha,
panganggepireku, yen wis
kasikep ing sira, haywa amung
den parah yen angling, iku reh
pipingidan.
Nora kena lamun den rasani,
lawan sasamaning pra
manungsa, yen ora lan
nugrahane, yen ana nedya
padu, angrasani rerasan iki,
becik den kalahana, ywa
kongsi kabanjur, haywa
ngadekken sarira, lan ywa
kraket marang wisayaning
urip, balik sikepen uga.
Kawisayan ingkang makripati,
den kahasta pamantenging
cipta, rupa ingkang sabenere,
sinengker baweneku, urip
datan ana nguripi, datan ana
rumangsa. Ing kahananipun,
uwis ana ing sarira, tuhu
tunggal sasana lawan sireki,
tan kena pinisaha.
Dipun weruh sangkanira
nguni, tunggal sawang
kartining bawana, pandulu lan
pamiyarsane, wis ana ing
sireku, panduluning suksma
sejati, pan datan mawa netra,
pamiyarsanipun iya datan
lawan karna, netranira
karnanira kang kinardi, iya wis
aneng sira.
Lahiring suksma aneng sireki,
batining suksma uga neng
sira, mangkene ing
pralambange, kadi wreksa,
tinunu ananing kang kukusing
hagni kukus kalawan wreksa,
lir toya lan alun. Kadya lisah
lawan powan, raganira ing reh
obah lawan mosik, yekti lawan
nugraha.
Yen pamoring kawula lan
gusti, lawan suksma kang
sinedya ana iya aneng sira
nggone, lir wayang sarireku,
saking dhalang polah ing
ringgit, minangka panggung
jagad, kelir babadipun,
amolah lamun pinolah,
sapolahe kumedhep lawan
ningali, tumindak saking
dhalang.”
Ngantos dumugi semanten
rumiyin bacuting tembang
wau, sapunika prelu mawas
ingkang dados isi lan
wigatosipun. Wosing tembang
wau mahyakaken manawi
manungsa sadaya punika
sayektosipun inggih
mbabaripun urip ingkang
anglimputi sakalir [Pangeran]
piyambak. Mila dipun
tembungaken “Wis ana ing
sarira, tuhu tunggal sasana
lawan sireki, tan kena
pinisahna“.
Ing layang Tajusalatin,
babaran kawruhipun Imam
Bukhori ing Johor, ingkang
sampun ginubah lan dipun
jarwakaken nyebataken kados
makaten ungelipun, “Pan
sampun kocap ing dalil,
barang kang mujud iki, kabeh
kanyatan tuhu, jenenging
ayamalolah, haywa ta sira
mungkiri.”
Syeh Siti Jenar, salah
satunggaling wali ingkang
kondhang bontosing nglemu
kabatosanipun, anggadhahi
gegebengan makaten:
“Ngolati punapa malih, nora
nana liyan-liyan, apan apes
salawase, anging Allah
ingkang Tunggal, ya jisim iya
Allah, tokid tegese puniku,
apan Tunggal kajatenya.”
Ing layang Centhini
mratelakaken wejanganipun
Syeh Rogoyuni dhateng Syeh
Amongraga, makaten:
“Rampung cukup wus aneng
kita, suhul jumbuh kita lan
dzating Widdi, wahuwa wajibul
wujud, sami kahananira,
kadya banyu lan toya pan
saminipun, mung sanes basa
kewala, napining Hyang napi
mami.
Wonten malih ingkang pantes
kangge limbangan, inggih
punika wejanganipun Sunan
Giri, sinawung ing tembang
Sinom: “Njeng Sunan Siri
ngandika, mungguh artine
kang yekti . Allah pan jatining
aran, liring wujud mokal
ninggih, Pangeran kang sejati,
liring wujud Hilapi-ku, jatining
warna rupa, dene aran
rohilapi, iku sejatine iya urip
kita.”
Salajengipun Sunan Giri
ngyakinaken: “Istingarah tan
kajaba, istingarah tan
umanjing, istingarah tan
kawedal, tan kajero istingarah
ing, sayekti luwih gaib, tan
owah gingsir puniku, langgeng
tanpa karana, kang jumeneng
ki Rohani, apa rupanira duk
nalikeng donya”. Minangka
kunci wonten pangandikanipun
para pinisepuh ingkang wignya
ing agal-alus makaten: “Sing
sapa weruh marang awake
dhewe, iku prasasat weruh
Pangeran.”
Makaten pathining ngelmu
gegebanganing para linuwih
ingkang tansah ngolah
batosipun. Sadaya wau boten
sanes ateges paring ancer-
ancer dhateng sasamining
manungsa: “Manawa padha
nggambarake, padha ngganta,
padha mikir, padha nggagas
kahananing Gusti Allah lan
kanyatane aja nganti kleru
ener, aja nganti blawur, aja
nganti kabandha dening
tetembungan yen dirasa
saklebatan sajake Pangeran
iku manggon dhewe, pisah
karo alam donya, pisah karo
manungsa, upamane
tetembungan ‘Gusti Allah iku
ana ing swarga’, ‘Bali marang
panayunaning Pangeran’, lll. “
Tetembungan makaten wau
manawi kirang patitis
anggenipun menggalih lan
anggenipun nyuraos, tamtu
kemawon badhe
nggampilaken thukuling
klentu ing pangira. Jalaran
lajeng saged nuwuhaken
gambaring pikiran, manawi
Gusti Allah punika sajake
kados tiyang punika, inggih
sajak pinarak wonten ing
panggenan ingkang sae lan
sekeca sanget, sajak ya sok
takon barang. Suksmanipun
tiyang ingkang sampun seda,
sajake banjur sowan marak
ana ngarsane. Makaten
salajengipun manawi ta
ngantos klentu anggenipun
nampi lan nyuraos tembung-
tembung ingkang nyebataken
bab ingkang magepokan
kaliyan wontenipun Pangeran.
Wonten tetembungan wigatos
sanget ingkang saged kangge
gujengan manawi tiyang
badhe remen olah kabatosan
lan badhe nggayuh murih
sanged ngraosaken lan
mangertosi dhateng gaibing
Pangeran, punika ‘Pangeran
kuwi ora arah ora enggon, tan
kena kinaya ngapa, ora
kakung ora putri lan uga ora
banci’. Tembung ora arah ora
enggon, ateges anglimputi
sakalir, ing ngendi endi bae
ana. Awit saking punika
uriping manungsa ugi
kalimputan ing dzating
Pangeran. Mila ing
wejanganipun Dewa-ruci
katembungaken tan kena
pisahna.
Limrahipun banjur sok wonten
pitaken: “Manawi Pangeran
punika sejatosipun sampun
nunggal [anglimputi]
manungsa, kenging punapa
manungsa kok teksih sami
ngudi sagedipun manunggal?”
Wonten malih pitaken
makaten: “Manawi Pangeran
punika ugi sampun tunggal
kahanan kaliyan wujuding
manungsa, kenging punapa
manungsa kok boten
nggadhahi panguwasa kados
Pangeran, punika rak nggih
mokal?”
Pitaken kados makaten wau
leres sanget. Jalaran ngangge
waton wantah, tegesipun
miturut nalar: mesthinipun rak
ngaten. Inggih wonten ingriki
ingkang prelu dipun saring,
prelu dipun raosaken kalayan
tandhes. Kawontenaning
gesang punika gaib [alus,
samar], mila katembungaken
tan kena kinaya ngapa. Awit
saking sadaya tetembungan
ingkang kangge mratelakaken
alusing urip, boten kenging
manawi lajeng dipun suraos
kadosdene tetembungan
ingkang gegayutan kaliyan
kawontenan ingkang maujud
ing ngalam donya utawi
ingkang kenging ginayuh
dening pikiran. Words cannot
describe everything. Words
are only descriptions of a
reality that needs to be
experienced.
Makaten ancer-anceripun
manawi badhe nyuraos, rehing
gaib, tembung anglimputi
ingkang ugi ateges nunggal
wau, boten kenging manawi
lajeng dipun emperaken kados
dene toya ingkang kawoworan
sumba, dipun emperaken toya
wau temtu saged
ngabangaken punapa
kemawon. Wontening
tetembungan jumbuh,
manunggal utawi ngelmu
panunggalan punika sampun
lajeng dipun suraos lan dipun
emperaken kaliyan
manunggiling barang kalih.
Hananging kedah dipun suraos
minangka ngudi supados
saged mangertosi lan
ngyakinaken gaibing Pangeran
kanthi kaalusane.
Dene bab gandhenging
panguwasanipun Pangeran
kaliyan uriping manungsa
ingkang linimputan mau,
teksih mawi warana [aling-
aling] gaib, ugi dumunung
wonten ing angganing
manungsa piyambak. Aling
aling wau saged dipun lingkah,
upamanipun kanthi srana
semadi, kanthi srana tarak
brata. Manawi manungsa
sampun saged mbikak warana
wau, ingriku bakal saged
kaluberan panguwasaning
Pangeran. Dene kathah
sakedhikipun panguwasa kang
kaluberaken wau, gumantung
kaliyan kiyating pakartinipun
manungsanipun piyambak.
Pramila punika ingkang dipun
wastani jalma linuwih ing
donya punika inggih ugi
ngangge trap-trapan, ngangge
undha-usuk wiwit saking
ingkang mamung angsal
kaluwihan sekedhik ngantos
dumugi ingkang kathah
sanget. Makaten gegambaran
ingkang saged kangge
pepindhan lan kenging kangge
ancer-ancer.
Awit saking punika, manawi
manungsa badhe manembah
lan badhe ngudi dhateng
gaibing Pangeran, ingkang
langkung wigatos inggih
sarana ngolah badhanipun
piyambak, kanthi ngolah
pikiran, pangrasa lan
pakartinipun piyambak,
sarana mbangun bebuden
luhur, nindhakaken pakarti
ingkang sae lan remen atul
tlaten nindhakaken
sembahyang, semedi utawi
manekung.
Dene kuncinipun inggih punika
pikir lan manah ingkang
tansah eling marang
sedyanipun murih sampun
ngantos benceng ceweng,
dados kedah fanatik [sampun
ngantos gampil kapilut ing
pamurunging laku]. Inggih
muluring gagasan ingkang
kados makaten kalawau
mbokmanawi ingkang lajeng
nglambari penggalihipun PB IV
paring panutan dhateng putra
wayahipun ingkang kapacak
ing Wulang Reh:
” Nora gampang wong
ngaurip, yen tan weruh
uripira, uripe padha lan kebo,
angur kebo dagingira, kalal
yen pinangana, pan manungsa
dagingipun, yen pinangan
pasthi karam.”
“Poma-poma wekas mami,
anak putu aja lena, aja
katungkul uripe, lan aja duwe
kareman, marang pepaes
donya, siyang dalu dipun
emut, yen urip manggih
antaka.”…
‘Sayekti wajib rumuhun,
angrawuhi ing sarira…”
Manawi sampun ngretos
dhateng kajatening
pribadinipun piyambak, inggih
badhe ngretos sinten ingkang
nguwaosi jagad punika.
Ingkang makaten punika njiyat
pantoging pamanggih bilih
titah supados ngrumaosi yen
wonten ingkang hanitahaken.
Lan sadanguning tumitah,
sumanggem ngemban tanggel
jawab dhateng kuwajibaning
titah rehne rumaos sampun
dipun titahaken.
Lajeng manawi badhe ambyur
anglampahi gesang ing
satengahing bebrayan ageng,
punika sejatosipun kedah
kados pundi? Gesang punika
sejatosipun gampil, jer
sampun saged lan kersa
ninthingi, nyinaoni,
nindhakaken lan ngamalaken
kalih prakawis, inggih punika
saged lan kersa tansah
nyenyuwun pangapunten
dhumateng sok sintena
kemawon lan saged lan kersa
tansah paring pangapunten
dhumateng sok sintena
kemawon. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar